Minggu, 27 Oktober 2013
pidhato bhs jawi
Teks Pidhato Pasrah lan Tampa Penganten Kakung
Teks pidhato pasrah penganten kakung
Nuwun.
Kasugengan saha kanugrahaning Gusti kang Maha asih mugi Kajiwa kasarira wonten Panjenengan Sedaya.Kairing Sagunging Pakurmatan,Ibu saha Bapak RAHARJO,Para putra Putri dalasan Sagung kuluwarga.miwah para rawuh.
Nuwun.Kepareng matur,minangka sesulihipun Ibu saha Bapak R.KUSNA WIJAYA sakuluwarga,Kula kadhawuhan masrahaken Panganten kakung BAGUS ADI SUMANTRI.katur ibu saha bapak R.KUSNA WIJAYA.
Wondene kalampahanipun makaten :kalawau wanci tabuh 09.45, Penganten kakung kula pendhet saking dalem Jln.SUNAN KALIJAGA,kanthi kairing para sepuh.kuluwarga,sanak kadang,mitra Pitepangan sawatawis,kula bekta sowan dumugi ing dalem Jln.Diponegara ngriki kalayan gangsar saha gancar.
Pramila,ngembun sarta ngemban dhawuh wigatosing sedya,kepareng ing samangke penganten kakung kula Pasrahaken tuwin kula Sumanggakaken katur Bapak Soedarta,ingkang anyulihi ibu dalasan Bapak Sukarjo,cundhuk kaliyan lampahing upacara.
Wasana kula nyuwun Pangaksami mbokbilih anggen kula nindhakaken ayahan Punika wonten ingkang kirang ndadhosaken Pirenaning penggalih.
Nuwun.
Teks Pidhato Tampi Pengaten Kakung
Nuwun,
Winantu ing kawilujengan,sinartan sinukartaning Panembrama.
Ibu miwah Bapak R. KUSNA,dalah para putra-putri,sanggayaning (seluruh) kuluwarga,Punapa dene Para rawuh.
Nuwun,Tumanggap Pangandikanipun Bapak Drs Imam Sarjana,ingkang anyulihi (mewakili) Ibu saha Bapak R.KUSNA WIJAYA, Amasrahaken Penganten Kakung,Kepareng kula matur,minangka Sesulihipun ibu saha Bapak SUHARJO,kula kadhawuhan Tampi Pasrah Penganten Kakung.
Pramila,Kaparengan Amratelakaken bilih ing samangke wanci Tabuh 10.00,Penganten Kakung kula Tampi kanthi sae,andadosaken suka bingahing manah ,Saha Sumangga Sami meji-muja syukur Konjuk ing Hyang Murbeng Gesang.
Salajengipun Panganten Kakung badhe sarimbit kaliyan Penganten Putri Rr. ASIH SULASTRI,Dumungkap upacara candhakipun.
Kula nyadhong Pangaksami mbokbilih wonten kekirangan saha kaladuking panampi.
Nuwun.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar